Sinau Aksara Jawa Karo Dolanan HP

Purwokerto218 Dilihat

Purwokerto, Medianasional.id – Aksara Jawa minangka aksara tradisional sing digunakake kanggo nulis basa Jawa. Wujude aksara Jawa kuwe akeh, ana aksara carakan/legena, murda, swara, rekan, lan angka Jawa. Ora mung kuwe thok, nanging aksara carakan, murda lan rekan uga duweni pasangan sing para siswa kudu bisa ngerteni. Tumrap para siswa nulis lan maca aksara Jawa pancen angel, amarga ora mung kudu apal aksarane, nanging uga apal pasangan lan sandhangan. Fungsi pasangan yakuwe kanggo nyambung suku kata utawa wanda katutup konsonan karo wanda ngarepe, kajaba wanda kang katutup wignyan, layar lan cecak. Menawa sandhangan yaiku tanda diakritik sing deenggo kanggo ngowahi swara ing tulisan Jawa.

Aksara Jawa antara siji lan liyane ana sing meh padha. Kayata aksara “da” kaliyan “sa”. Para siswa kudu titen karo aksara loro kuwe. Seumpama nulise kleru, macane uga kleru. Para siswa uga kudu bisa niteni kabeh aksara legena/carakan, amarga kuwe kanggo sinau sing paling dhasar. Aksara legena/carakan yakuwe aksara sing dhurung klebonan pasangan lan sandhangan, cacahe ana 20 yakuwe ha, na, ca, ra, ka, da, ta, sa, wa, la, pa, dha, ja, ya, nya, ma, ga, ba, tha, nga.

Supaya luwih paham kanggo ngapalna aksara Jawa, para siswa kudu latian maca karo nulis aksara Jawa sing cacahe 20 mau. Nek wis apal, banjur pasangan lan sandhangane deemut-emut.

Seumpama saben dina bisa latian maca karo nulis, para siswa bakal lancar anggone sinau aksara Jawa
Saiki wis jamane digitalisasi, dadi para siswa gelem ora gelem kudu bisa lan ngerti babagan Ilmu Teknologi (IT). Sarana kanggo maca lan nulis aksara Jawa uga wis melu perkembangan jaman. Handphone (HP) sing saben dina degawa, bisa kanggo sinau aksara Jawa. Para siswa bisa whatsap-pan karo kancane nganggo aksara Jawa amarga para siswa wis bisa download keyboard aksara Jawa lumantar HP

Ora mung kuwe, para siswa uga bisa dolanan karo sinau aksara Jawa nganggo Teka-teki Silang Aksara Jawa sing ana nang HP. Para siswa mung download aplikasine, wis bisa dolanan nang endi papan. Bisa nang omah, sekolah utawa menawa lagi nang kendaraan. Ing TTS uga wis lengkap, ana aksara Jawa, pasangan, sandhangan, aksara rekan, murda, swara, lan angka Jawa. Ora mung iku, nanging ing TTS uga ana pada utawa tanda baca. Level kanggo dolanan uga ana sing paling dhasar kanggo niteni aksara Legena, uga ana level sing dhuwur (wis nganggo pasangan lan sandhangan).

Aksara Jawa lan Teka-teki Silang Aksara Jawa Berbasis Android mau bisa kanggo sinau aksara Jawa supaya cepet bisa maca lan nulis. Sing dadi kunci nang kene yakuwe, para siswa kudu sering latian maca lan nulis aksara Jawa.

Moga bae tulisan iki ana manfangate

Penulis : Muh Nurul Huda SMA Negeri 4 Purwokerto

Tinggalkan Balasan

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.